Mas Ayong Pendekar Sakti Kutho Nganjuk… !!!

ultraman_day_off_by_bukanorang-d330sk2

Jebul Mas Ayong iki Ultraman

Sayembara Juragan Tambak

Nyuroboyoan Reg…!!!,- Onok juragan tambak jenenge Bapak Hedi ngadakno sayembara.

“Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor.” jare Pak Hedi.

Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul ono Dinosurus,e pisan Hiiii… Ngeri pokok,e.

Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dadi montor kijang innova anyar gres . Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe angop kabeh.

Akhire ambek pak Hedi hadiae ditambah maneh, montor kijang Innova anyar ambek omah sak isine lho…pie hebat to Pak Hedi .

Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro ono pendekar sing koyone sakti tenan wani njegur nang tambak.

Ora suwi penontone keplok-keplok kabeh ndhelok ono wong wes njegur gelut ambek boyo.Penontone podo bingung sopo iku sing njegur kok kendel tenan, Kiro-kiro wis sak jam, akhire ketok sing njegur mau tiba,e Mas Ayong teko kutho Nganjuk, Alhamdulillah Mas Ayong iki tampil sebagai pemenang. Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.

Wis mari ambekan, Pak Hedi marani, arep nyerahno hadiae tapi aneh Mas Ayong malah nolak hadiah,e .

“Yo wis neg hadiae sik kurang tak tambahi duwek pisan limangatus juta” jare Pak Hedi, tapi Mas Ayong iki tetep nolak.

“Tak tambahi maneh emas-emasan sak kilo Kang” Jare Pak Hedi maneh, Lha kok Mas Ayong iki iseh tetep gak gelem.

“Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti” jare Pak Hedi gak gelem kalah.

Karo mrembik – mrembik  Mas Ayong iki Ngomong

“Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene”.
Sekolo penonton sak tambak mau mlayu kabeh….
” Owalah Jebul,e Di jungkrakno Uwong to kang…kang…. Tak pikir pean iki kendel tur sakti… ” Pak Hedi Ngece.
“Sakti Ndasmu ………. ” Jawab,e Mas Ayong karo mlayu muleh ngandokno emak,e… (**)

Toto Coro Bribik Wedo’an Nang Cafe,Rene’o Cak Tak Kandani…!!!

foto-anak-bergitar-lucu-dan-gokilNyuroboyo Reg..!!! ,- Kedadeyan ono ing kafe “MAJ”(Taman,Sidoarjo)

Ambar lungguh dewekan nang Bar. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Imam mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu-uayu, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo Juragan Rengginang, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok’e garai kemropok.

Ambar mbatin, “Kapan nasibku koyo Imam Ya Alloh…!!! Lha aku wong wedok siji wae gak gablek..”

Pas Imam mlaku nang Bar, Agus ono kesempatan takon:
“Mam…Imam , piye carane awakmu iso oleh kencanan sing ayu-ayu?”

Imam Ngomong “Ojo crito-crito yo, tak kandhani rahasiane… mene nek awakmu dolan rene maneh… begitu awakmu lungguh nang bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo , wis mesti wong wedok-wedok iku marani”

Ambar Jawab “Tapi aku gak duwe mobil Cak , duwe ku sepeda montor iku ae wis elek, knalpote arep ucul pisan…”

Imam  “Awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil tok bro…. Iki deloken aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma ngono thok modalku…”

Mene bengi, Ambar kledrang – kledreng mlebu kafe, Jebul si Imam wis ono nang jero lungguh karo wong wedok telu ayu – ayu pisan.

Ambar marani bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI neng duwur mejo bar.. lha kok gak ono reaksi babar pisan…
Kunci dijupuk maneh terus disak’i.. Bareng ono wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja bar.. Gak ono reaksi maneh, malah diguyu-guyu.

Imam sing ngandani wingi ngawasno karo gumun,ora suwi langsung marani Ambar , karo mbisiki,”..awakmu iku lho, kok goublok nemen to Mbar…Ambar ….COPOTEN DISIK HELM sepeda montormu goblok !!”.(**)